fiksi, Indonesiana, Marketing

Murah

Cak Rie hanya membolak-balik koran pagi ini di warung yang masih sepi. Hanya seorang mahasiswa yang tengah menghabiskan semangkok mie instant goreng tanpa tolah-toleh duduk di pojokan.

Tiba-tiba seseorang datang dan berteriak,”Cak Rie, kopine koyok biasa.”


Wuik, angin opo iki, awakmu nganti tekan kene,” Cak Rie menutup korannya dan mengalihkan pandangan ke pengunjung yang baru datang.

“Hehehe, cuti aku Cak” sambil cengengesan diulurkan tangannya ke arah Cak Rie,” Yo’opo kabar, Cak? Wis munggah kaji durung?

Durung e, Mun. Lek rego kopiku gak sampek regane Starbuck, yo sampek kapan yo gak katene munggah kaji, Mun. Kecuali awakmu sing nabungno nang tabungan haji,” kata Cak Rie cengar-cengir sambil mempersiapkan secangkir kopi untuk pria yang dipanggilnya Mun itu.

Lha lek larang koyok starbuck, yo mosok aku mbelani adoh-adoh mrene,” Mun membela diri dari sergahan Cak Rie.

Halah, jare profesional muda, kopiku rego teleng ewu ambek patlikur ewu mestine yo gak ngefek.” Si Mun kemudian tergelak.

Jik, Mun, apa bedanya coba, kopiku ambek kopi nang starbuck?”

“Yo uakeh Cak. Cingkire, sing ngladeni. Trus sampeyan nggawe dhingklik, nang kono kursi sing iso sendhen. Nang kene kepanasan, nang kono ambek adem.”

Mun, mun … pancet ae. Rungokno takonku mau. Sopo sing takon perkoro, cingkir, dhingklik ambek kademen ac, aku kan takon perkoro kopi.

Cak, cak …” Si Mun mbales dengan nada kata tanya yang sama. “Ganti aku sing takon. Tau ngobrol ambek sales’e cocacola sing ndekek barange nang kene? Opo bedane cocacola sing dititipno nang warung iki ambek cocacola sing didol nang cafe-cafe ambek nggon karaoke-an?”

Durung nate sih, Mun. Tapi kiro-kiro yo mestine podo ae. Lha gendeng mangan semir tah, lek cocacola mbedakno pabrik gawe nggonku ambek pabrik gawe nggon liyane.”

“Nah, jare ilmu marketing, iku ngono bagian tekok empat pe (4P). Place alias panggonan.”

Wuik, tambah suangar ae koen. Ngilang rong tahun wis iso ngomong marketing barang,” Cak Rie gedhek-gedhek. Mun mekrok irunge eh kupinge mendengar pujian Cak Rie penuh ketulusan.

“Sorry Cak, takselani dikik. Cak Rie, aku nambah es teh,” kata mahasiswa di  pojokan sambil mengusap peluh yang membanjir di sepanjang dahinya.

Cak Rie beringsut sambil bertanya singkat,” Legi?”

Tawar ae, Cak.”

Kesusu tah? Ngobrol-ngobrol kono sik lah karo Si Mun. Seniormu iku. Mbiyen yo podho ae ambek awakmu. Bendino mangan indomie goreng karo teh tawar. Eh, saiki wes lancar ngomong marketing barang,” Cak Rie nyemoni Mun.

Takonono dhe’e, luwih seneng beras mundhak opo beras murah,” lanjut Cak Rie sambil menyiapkan pesanan si mahasiswa.

Yo sing murah lah,” Mun memotong pembicaraan, takut kehilangan momen sebagai senior di hadapan adik angkatannya. “Beras murah, maka makin banyak rakyat yang bisa makan nasi. Gizi naik, maka rakyat makin sejahtera.”

Lek aku kok seneng beras larang, Cak,” si mahasiswa menerawang sejenak. “Andai beras mahal, gak bakalan aku bendino njujug Cak Rie mangan indomie

Warung kopi terdiam beberapa saat. Tak menyangka beda pendapat langsung terjadi pada saat awal-awal perkenalan.

“Bapakku tani, Cak.” Si mahasiswa memecah kesunyian. “Sandang pangan keluargaku tergantung harga beras. Lek tanah wong tuwaku pancet, tingkat produktivitas benih padi yo pancet, satu-satunya harapan penambahan penghasilan ya dari kenaikan harga gabah.”

“Podho ambek aku, Mun. Lek rego kopi sak cangkirku pancet, yo aku yo ngene-ngene ae.  Iso munggah kaji lek warungku tambah rame, trus bukak cabang nang ndi nang ndi. Opo istilahe, prencais?”

Mun terdiam. Si mahasiswa terdiam. Makna murah ternyata tak sesederhana pagi itu.

[kkpp, 06.02.2012]

Standar

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout /  Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout /  Ubah )

Connecting to %s