fiksi, Indonesiana

Dalang Banyak Anak

“Polisi bosok sak bosok-bosok’e,” raung seorang pria muda saat memasuki warung kopi yang tak berbatas. Pengunjung yang tak banyak pada sore itu hanya sekedar menoleh mencari sumber suara, seolah meminta kelanjutan cerita yang hendak diumbar ke segenap penjuru warung.

Mosok, wes sepedaku ilang, malah aku sing dipajeki,” lanjutnya seraya duduk di dingklik yang kelihatan tua tapi telah terbukti kokoh. “Biasane, Cak” katanya lagi pada Cak Rie sang pemilik warung memesan secangkir kopi.

Mben-mben, gak gelem anak turunku ono sing dadi polisi,” gerutuan itu masih berlanjut meski secangkir kopi telah terhidang.

Trus pengin dadi opo lho? Lha wong jaksa, hakim, anggota dewan, dan kiyai sekalipun yo podho bosok’e,” Cak Rie menimpali.

Yo dadi wong apik ae, Cak. Sing soleh, siang taat ambek wong tuwane,” sang pria berkata ringan seraya mencari koran pagi yang telah lusuh di sore itu.

Sampeyan melok ka-be?” tanya seorang pengunjung lainnya sambil mengulurkan koran yang telah dibacanya sejak tadi. Lha kopinya saja  telah hampir mencapai  dasarnya.

Iyo lah, program pemerintah iku. Apik gawe kene-kene sing gajine gak sepiro.

Rugi nek ngono sampeyan. Laopo kabe-kabean barang. Iku ngono mek program dodolane pabrik kontrasepsi ben payu.

Kok iso? Wes gak jamane maneh banyak anak banyak rejeki”

“Lho justru iku. Coba lek sampeyan duwe anak akeh. Kabeh soleh dan taat ambek wong tuwane. Trus sampeyan, kongkon sing siji dadi jaksa, sing siji dadi hakim, sing siji dadi pengacara, sing siji dadi polisi, sing siji dadi kiyai. Sing loro liyane dikon dadi politisi ndhek partai menang, sing siji ndhek partai oposisi. Loro karone mlebu senayan kabeh. Wes rampung negoro iki. Gak ruwet maneh.”

Cak Rie dan sang pria muda menunggu kelanjutan cerocosan si pengunjung lain itu.

“Bingung? Lha, lek iku mau kabeh anake sampeyan soleh dan taat ambek sampeyan kan karek opo jare sampeyan. Sampeyan dadi dalang’e negoro iki. Arep nglakokno lakon opo yo terserah sampeyan. Jaksa, hakim, pengacara, polisi, anggota dewan, kiyai, wes dadi wong apik kabeh dan bisa dikondisikan untuk mbangun negoro iki. Dadi gak perlu sampeyan bengak-bengok nang warung iki. Sakno Cak Rie mumet ngrungokno curhatan ben uwong sing bendino yo iku-iku ae.”

Wes ah, wayahe surup iki, wayahe pemanasan nggawe anak,” lanjut si pengunjung seraya menyorongkan selembar uang  ke Cak Rie.

Lha nek kabeh dadi bajingan?” kata Cak Rie sambil cengar-cengir.

Yo apese sampeyan. Wes dikei anak akeh jik gak pengalaman ae ngrumat anak.”

“Walah, gendheng mangan semir.” 

[kkpp, 02.02.2012 *terinspirasi thread di salah satu milis* ]

Standar